Selasa, 12 April 2011

JAWA

ULANGAN HARIAN SEMESTER GENAP

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Pokok bahasan : Kependidikan
Kelas : II/dua
Putaran : I/pertama
Tahun pelajaran : 2002/2003

PILIHEN SALAH SIJI WANGSULAN ABCD IKI KANG BENER !!

1. Saben esok para siswa padha amangumpul jroning pawiyatan. Tembung pawiyatan tembung liya …….
a. kursus
b. Pakumpulan c. sekolahan
d. ketrampilan
.
2. Para siswa padha nindakake karyaning diri, Karyaning diri tembung kang padha yaiku ………
a. Pekerjaan Rumah (PR)
b.Mbantu wong tua c. tugas piket
d. tugase (gaweane) dhewe
.
3. Wang-wang padha amakarya wektu rahina, tembunge liya rahina yaiku …….
a. awan.
b. sore c. bengi
d. esuk

4. Murid iku darbe sipat setya tuhu. Tembung-tembung iki kalebu dasa namane setya tuhu, kejaba ………..
a. mbangun miturut
b. tansah ngrungokake c. tansah mituhu
d. tansah manut

5. Rumaket subo nyawiji kang dikarepake. Subo nyawiji yaiku, kejaba ……….
a. nunggal sawiji
b.dadi siji c. gumolong dadi siji
d. tansah dhewe-dhewe
.
6. Hambudi kanthi suka gambira. Tembung suka gambira akeh dasanamane, kajaba………

a. Suka parisuka
b. seneng-seneng c. sasenenge dhewe
d. bungah-bungah

7. Ing ngisor iki kang kalebu ukara sambawa yaiku ……
. a. Aku mangkat sekolah jam 06.30.
b. Aja mangkat dhisik, aku dienteni.
c. Muga-muga ulanganku mengko oleh biji apik.
d. Kowe wingi lunga menyang ngendi ?

8. Ukara-ukara ing ngisor iki kalebu ukara sambawa, kajaba …………
a. Ditampanana ngati-ati, piring mau ora pecah.
b. Pancen nyata dheweke ora tau gelem sinau.
c. Pintera kae yen ora ngerti unggah-ungguh, ya ora apik.
d. Kowe maneh bisaa, bocah sing pinter dhewe wae ora bisa.

9. Ukara-ukara sambawa ing no.8 kang anduweni teges mokal yaiku……….
a. Ditampanana ngati-ati, piring mau ora pecah.
b. Pancen nyata dheweke ora tau gelem sinau.
c. Pintera kae yen ora ngerti unggah-ungguh, ya ora apik.
d. Kowe maneh bisaa, bocah sing pinter dhewe wae ora bisa.

10. Isih soal no. 8 semono kang nduweni teges upama yaiku…………
a. Ditampanana ngati-ati, piring mau ora pecah.
b. Pancen nyata dheweke ora tau gelem sinau.
c. Pintera kae yen ora ngerti unggah-ungguh, ya ora apik.
d. Kowe maneh bisaa, bocah sing pinter dhewe wae ora bisa.

11. Soal utawa tes kang wangsulane kudu nerangake diarani ………….
a. tes sumatif
b. tes obyektif c.tes formarif
d.tes essay

12. Semono ugoo tes utawa ulangan kang dianakake saben satema (sak bab) rampung diarani…...
a. tes diagnostik
b. tes essay c. tes formarif
d. tes sumatif
13. Wong asor nanging sugih kapinteran, salokane ……….
a. Bathok balu isi madu.
b. Lahang karoban manis. c. Asu belang kalung wang.
d. Bebek mungsuh mliwis.

14. Wong kang dipercaya jaga amrih becike lan slamet., nanging malah ngrusak, salokane …………
a. Jati ketlusupan ruyung.
b. Palang mangan tanduran. c. Kebo nusu gudel.
d. Iwak kalebu (mlebu) ing wuwu.

15. Golekana tegese saloka iki ! Tekak mati ulone.
a. Wong nemu kacilakan amarga saka tembunge dhewe.
b. Dhasar bagus (ayu) tur apik kelakuane.
c. Wong asor nanging sugih bandha.
d. Golongane wong apik kecampuran wong ala tumindake.

16. Ratu ing nagara Maespati jejuluk ………
a. Resi Suwandageni
b. R. Sumantri c. Prabu Rahwana
d. Harjuna Sasrabahu

17. Raden Sumantri kepingin ngenger (suwito) marang sang prabu………… ing negara maespati.
a. Arjuna
b. Harjuna Sasrabahu c. Resi Suwandageni
d. Prabu Yudhistira

18. Pangengere raden Sumantri bisa ditampa kanthi bebana mawerna-werna, kajaba …
a. Bisa nggecek negara Magada.
b. Bisa mboyong Putri Citrowati. c. Bisa mateni R. Sukrasana.
d. Bisa mindhah taman Sriwedari.
19. ……….. iku gegamane Raden Werkudara.
a. Kalimasada
b. Rujak polo c. Keris kalamandhah
d. Sanjata cakra
20. Tulisan jjawa iki, kang bener unggah-ungguhe, yaiku………
a.
b.
c.
d.



Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi ringkes nanging jelas !!

21. a. Gaweya ukara sambawa siji wae kang nduweni teges upama.
b. Semono uga wenehana tuladha siji wae ukara andharah kang nggambarake kahanan kang ora cetha !
22. Terangna tegese saloka iki :
a. Lahang karoban manis.
b. Kepriye salokane wong njarag marani marang bebaya.
23. a. Raden Sumantri iku putrane sapa ?
b. Raden Sumantri duwe anak siji , sapa jenenge ?
24 a. Kuku pancanaka iku aji-ajine …………………
b. Prabu Yudhistira duwe jimat kang arane ………….
25. Tulisen nganggo aksara jawa.
Slamet adus slulup ana kali.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar