Selasa, 12 April 2011

KHUTBAH HARIRAYA

Alllahu akbar 3x Walillahilhamd
Poro sederek kaum muslimin muslimat jamaah sholat riyoyo idul fitri ingkang dipun mulyaaken Allah SWT.
Sampun jelas tumrap kulo soho panjenengan sedoyo bilih idul fitri puniko mboten akhir saking shiyam Romadhon ananging kedah wontem sambung rapetipun kalian ngibadah ing wulan-wulan sak lejengipun malahan kliwat saking idul Fitri puniko badhe kabuktekaken wsinten ingkang saged nggayuh derajad mutaqin lan sinten ingkang dereng saged nyepeng derajad mutaqin kala wau.
Bukti kasilipun ibadah shiyam Romadhon kangge anggayuh derajat mutaqin, saged dipun tingali saking ciri-ciri utawi tandha-tandhanipun ingkang dipun tampi dening manungso saking kasil dhidhikan shiyam Romadhon iang antawisipun inggih puniko :
1. Kagungan sifat rahmah lan syafaqoh, utaminipun dhumateng fakir mskin, lare-lare yatim, lare-lare jalanan/gelandangan, lan umumumipun tiyang-tiyang ingkang gesang melarat lan sengsoro, Rasulullah SAW Paring pangandika :
“Ora ana sawijiamal sing luwih itomo tiniombang maregake wong sing lesu/ngelih” (HR. Dailami)
Parmilo semonggo dhumateng tiyang ingkang dipun paringi kacekapan pangan supadhos peduli dhumateng tiyang ingkang kacingkrangan kanthi maringaken dhaharan, dana pendidikan, dana berobat, lan sak panunggalanipun. Wondhene dumateng tiyang ingkang dipun bantu puruna dongaaken dhumatengtinyang ingkang peparing ingkang kala wau mugi-mugi susahanipun tansah langgeng.
2. Ikhlas anggenipun manembah marang Allah. Artohosipun Piyambakipun manembah namung ngajen-ajeng ridlanipun Allah. Shiyam Romadlon puniko minongko latihan ikhlas, sebab shiyam puniko boten katingal tiyang sanes lan sulit dipun tebak. Rasulullah SAW Paring pangandika :

“Allah ora bakal nampa ngamal sawenehing manungso, kajaba katindakaken kanthi ikhlas karono Allah” (HR Ibnu Majah)
Ikhlas nedahaken sucinipun niat, resikipun tujuan amal lan lepasipun manungso saking perbudakan dunya. Shiyam ngajaraken prinsip gesang kangge tiayang muslim: “Ridlo Allah langkung agung tinimbang sanes-sanesipun” (QS. Attaubah : 72)


3. Resik saka sifat tercela
Wontenm sak lebetipun ibasdsah shiyam Romadhon tiyang Islam dipun dhidhik supados nilaraken pangandikan tuwin tumindak ingkang tercela. Dus tiyang Islam supados berhias diri dhumateng sifat-sifat terpuji. Rasulallah SAW sampun paring peringatan kanti pangandikanipun :

“Sing sopo ora ninggalaken ucapan lan tumindak keji lan kotor, mulo ora ono gunane ing ngersane Allah, siro ninggalake mangan lan ngombe” ( HR Bukhori).
Kenging punopo kulo soho panjenengan dipun awisi ngucap tuwin tumindak kotor? Sebab ucapan tuwin tumindak kotor puniko nedahaken jiwa ingkang kotor ugi. Lan oerlu dipun mengertosi bilih taqwa dhumateng Allah boten badhe saged dipun gayuh kanti jiwa ingkang kotor. Cahaya ruhaniyah mboten mampu nembus ati kotor ingkang dipun kebaki dosa lan maksiat. Allah SWT sampun paring pangandiko wonten ing Al-Qur’an surat Asy-syams ayat 9-10

“Temen begjo kemayangan wong kang gresikake awake saka dosa, lan temen kapitunan sapa-sapa sing angregeti jiwane”.


4. Ikhsan lan Ibadah sak lebetipun ibadah shiyam Romahon , tiyang Islam dipun ajari supados tumindak sae dhumeteng Allah tuwin mahlukipun.
Bilih Allah anyipto gesang puniko kengge nguji pundi ingkang paling sae tumindakipun , kados ingkang kacheto ing Al-Quran Surat AL Mulk Ayat 2:

“Kang gawe pati lan urip kanggo nyoba/nguji marang siro kabeh endi kang lakune luwih bechik”
thumindak sae dhumeteng makhluqipun Allah kanthi ngathah-ngathahaken sedekah dhgumeteng ingkang nembe kacingkrangan/ fakir miskin.
Wondene wonten wekdal ingkang sami dipun gerakaken bibir kangge dzikir marang Allah tuwin maos ayat-ayat Al-Qur’an, dipun tegakaken sakanipun Kangge Sholat Tarwih, kangge I’ktikaf, lan sak panunggalanipun. Mripatipun sayu amargi kirang tilem, bibiripun kering amargi lesu, badanipun lemah amargi nahan lesu, ananging pandangan manahipun Cemerlang kelawan sinar Rabbani.
Menawi sikap utawi tumindak sae tuwin manembah kanthi sae puniko terus lajeng, saged nggadahi daya penggerak dhumateng sedaya pemikiran lan tumindak wonten sak jawining Romadhon, milo kulo saha penjenengan sami dados tiyang ingkang kagungan roso kesetiakawan ingkang inggil, remen silaturahmi, remen berqurban kengge kepentingan umum, remen ngibadah ingkang dipun wajibaken, ugi ingkang dipun anjuraken lan mboten wantun nglanggar/nerak awisanipun Allah SWT.

ALLAHU AKBAR 3X WALILLAHILHAMD
Akhiripun kulo soho panjenegan sami dedongo dumateng gusti Allah, mugi-mugi ibadah shiyam Romadhon dipun tampi dening Allah, lan derajat dipun tingkataken dados ewonipun tiyang ingkang muttaqien, sarto tansah pikantuk ridlonipun Allah SWT. Amien.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar